Postingan

MATERI BAHASA JAWA XII GEGURITAN

GEGURITAN Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane  Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngasi (/) utawa sigeg (//). Golekana tegese tembung-tembung kang Angel utawa aneh. Golekana pesan utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan. Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan. C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan aturan. Ora keiket dening atura...

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI NOVEL

NOVEL tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine cerita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya cerita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Perangan-perangane kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadean crita kasebut (setting), lan wulangane utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat). Tema: underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan: sapa wae kang diceritakake ing cerkak iku lan watake. Plot: kepiye lakune crita. Point of view: kalungguhane pangripta sajrone crita. ...

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SESORAH

SESORAH Sesorah iki tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh Tembung kang makanane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda Tama, lan liya-liyane. Senajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepaske. Kudu cocog karo unggah-ungguhe. Perangane utawa Susunan saking sesorah:    1. Salam Pembuka         Salam pambuka duweni isi kayata Assalamualaikum.    2. Purwaka Basa (Pambuka )         Purwaka basa  duweni isi ngaturake syukur marang gusti,Atur panuwun marang bapak ibuk.    3. Suarasa Basa ( Isi Pidato )         Surasa basa yaiku udharaning bab kang diwedherekake marang pamirsa.   4. Dudutan ( Kesimpulan )       Dudutan niku kesimpulan saking ...

MATERI BAHASA JAWA KELAS X PRANATACARA

PRANATACARA Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam. Urutan teks pranatacara: Salam pambuka; Atur Pamuji; Atur kasugengan, kairing atur panuwun; Wedhring hati; Atur nyuwun pangapura; Panutup; Salam panutup. Maca teks pranata cara: Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor Iki:  Pangucapan kang trep Pamedhote ukara kang trep Intonasi, nada, lan tekanan kang trep  Mangerteni tandha wacan kanthi trep Swara kang cetha Ngatur alon lan cepete pamaca Ngolah treping mlebu wetuning napas Mahami wacan Pracaya marang dhiri pribadi Kawruh kagungan basa: 1...

MATERI GAMELAN

GAMELAN    Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing. Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Senajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilarasi kanthi premati lan ditata kanthi becik. Gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku Laras slendro lan Laras pelog: laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6 laras pelog nyakup titilaras 1,2,3,4,5,6,7 Sarana kanggo bedakake laras slendro lan laras pelog iku jenenge pathet, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet 5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet Laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh mau nuduhake menawa senajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.  Jeneng-jenenge gamelan iku uda...