MATERI GAMELAN


GAMELAN 


 
Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.

Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Senajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilarasi kanthi premati lan ditata kanthi becik.


Gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku Laras slendro lan Laras pelog:



  • laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6
  • laras pelog nyakup titilaras 1,2,3,4,5,6,7
Sarana kanggo bedakake laras slendro lan laras pelog iku jenenge pathet, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet 5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet Laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh mau nuduhake menawa senajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji. 


Jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas , kayata: bonang penerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron, panerus, saron barung(1), saron barung(2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.

Sumber: buku gegaran nyinau bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS X PRANATACARA

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SESORAH

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI NOVEL