MATERI GAMELAN
GAMELAN
Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.
Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Senajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilarasi kanthi premati lan ditata kanthi becik.
Gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku Laras slendro lan Laras pelog:
- laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6
- laras pelog nyakup titilaras 1,2,3,4,5,6,7
Jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas , kayata: bonang penerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron, panerus, saron barung(1), saron barung(2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.
Sumber: buku gegaran nyinau bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
Teruskan bakatmu nak. Good job
BalasHapusIya makasiii
HapusMantap slur
BalasHapusNice
BalasHapusNgombe mezon sek Ben tmbh semangat
BalasHapus