MATERI BAHASA JAWA KELAS XI NOVEL

NOVEL

tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine cerita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung.


A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

Kaya cerita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Perangan-perangane kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadean crita kasebut (setting), lan wulangane utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).


  • Tema: underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik.
  • Tokoh lan penokohan: sapa wae kang diceritakake ing cerkak iku lan watake.
  • Plot: kepiye lakune crita.
  • Point of view: kalungguhane pangripta sajrone crita.
  • Setting: gegayutan karo papan lan wektune.
  • Amanat: magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut.


B. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh.

Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.


 Sumber: buku gegaran nyinau basa jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS X PRANATACARA

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SESORAH