MATERI BAHASA JAWA KELAS X PRANATACARA


PRANATACARA


Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

Urutan teks pranatacara:
  1. Salam pambuka;
  2. Atur Pamuji;
  3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun;
  4. Wedhring hati;
  5. Atur nyuwun pangapura;
  6. Panutup;
  7. Salam panutup.


Maca teks pranata cara:
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor Iki: 
  • Pangucapan kang trep
  • Pamedhote ukara kang trep
  • Intonasi, nada, lan tekanan kang trep 
  • Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  • Swara kang cetha
  • Ngatur alon lan cepete pamaca
  • Ngolah treping mlebu wetuning napas
  • Mahami wacan
  • Pracaya marang dhiri pribadi


Kawruh kagungan basa:
1. Tembung yogyaswara:
Yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dinggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon.
Tuladha: bathara-bathari, kedhana-kedhini


2. Tembung entar:
Entar tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune.
Tuladha: gedhe endhase: gumedhe
                 kethul pikire: bodho

3. Rura basa:
Rura basa iku basa kang salah, nanging wis kabacut lumrah. 
Tuladha: godhog wedang, nguleg sambel

4. Panyandra:
Panyandra asale saka tembung candra, kang nduwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindhan.
Tuladha: rambute ngombak banyu, drijine mucuk eri

5. Pepindhan:
Tetembung kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan.
Tuladha: lakune kaya macan luweh, rukune kaya mimi lan mintuna

Sumber:

Buku gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI SESORAH

MATERI BAHASA JAWA KELAS XI NOVEL