MATERI BAHASA JAWA XII GEGURITAN
GEGURITAN Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngasi (/) utawa sigeg (//). Golekana tegese tembung-tembung kang Angel utawa aneh. Golekana pesan utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan. Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan. C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan aturan. Ora keiket dening atura...